Selasa, 01 April 2008

PITUTUR LUHUR

Syiir
Ngudi Susila
Sugo Pituduh Kanthi Terwila
1382 H
Oleh
K.H Bisri Mustofa Rembang.
Syiir yang diciptakan oleh K.H Bisri Mustofa merupakan sebuah karya yang menjelaskan ahlaq, budi pekerti dan bagaimana kewajiban seorang ayah dan ibu mendidik anak, serta bagaimana seorang anak bersikap kepada oarang tua. Syiir ini lebih menekankan budi pekerti dalam segala aspek kehidupan.di tulis dengan bahasa Jawa yang lugas sehingga gampang di pahami. Penulisan Syiir ini juga merupakan hasil refleksi seorang ulama’ terhadap realitas sosial. Untuk lebih mengetahui pemikiran K.H Bisri Mustofa maka di bawah ini akan kami sajikan bait-bait Syiirnya yang terbagai dalam IX bab.
MUQODIMAH
Sholatullah maalaa khat kawakibi, a’la ahmadu khoiri man rokibannajaibi.
Iki syiir kanggo bocah lanang wadon # Nembehake tingkah laku ingkang awon
Sertho nerangake budi kang prayogo # Kanggo dalan kanggo melebu ing suwargo
Bocah iku wiwit umur pitung tahun # Kudhu ajar too ben ora gethun.
Kudhu trisno nang ibune kang ngerumati # Kawit cilik marang bapak kang gemathi.
Ibu bapak rewangono lamun repot # Ojo koyo wong gemagus ingkang wangkut.
Lamun ibu bapak perintah inggal tandang # Ojo bantah ojo sengol ojo mampang
Andap Ashor ing wong tuwo najan liyo # Tetepano ojo koyo rojo koyo
Gunem alus alun lirih ingkang terang# Ojo kasar ojo misuh koyo bujang.
Yen wong tuwo lenggah ngisor siro ojo # Pisan lungguh duwur koyo jama jobo
Yen wong tuwo sare ojo geger guyon # Lamun siro nuju mojo kudhu alun.
Lamun siro liwat ono ing ngarepe # Kudhu nyuwun amit sertho ndepe-ndepe
Lamun ibu bapak duko becik meneng # Ojo melu padon ugo ojo ngreneng.


BAB I
AMBAGI WAKTU
Dadi bocah kudhu ajar bagi-bagi zaman # Ojo pijer dulan nganti lali mangan
Yen wayahe sholat ojo tunggu perintah # Inggal tandang cekat ceket ojo wegah.
Wayah Ngaji wayah sekolah sinahuo# Kabeh mau ganteake kelawan tuhu
Kenthung Shubuh ingal tangi nuli adus # Wudhu nuli sholat Khsusuk ingkang bagus
Rampung Sholat tandang gawe opo wae # Kang prayogo koyo nyapuni omahe
Lamun ora iyo moco –moco quran # Najan lamun sitik dadio wiridan.
Budal ngaji awan bengi sekabehe #Totho Kromo lan ada adabi podo bahe
BAB II
ING PAMULANGAN
Lamun arep budal meyang pamulangan # Totho-thoto ingkang rajin kang resikan
Nuli pamit pamit ibu bapak kanthi salam # Jawab ibu bapak alaikum salam.
Di sangono akeh setitik kudhu terimo# Supoyo ing tembe dadi wong kang utomo
Ono Pamulangan kudhu tansah gathi # Nompo piwulanngan ngilmu kang wigathi.
Ono kelas ojo ngantuk ojo guyon # Wajah ngaso ojo nemen guyon
Karo konco ajo bengis ojo judes # Mundak di wadani koncon ora waras.
BAB III
MULIH SANGKING PAMULANGAN
Bubar sangking pamulangan inggal muleh #Ojo mampir-mampir dulan selak ngalih
Tekan Omah nuli salin sandangan # Kudu pernah rajin rapi aturane.

BAB V
ONO ING OMAH
Karo dulur konco ingkang rukun bagus # Ojo koyo kucing belang rebutan tikus.
Dadi tuwo kudu weruh ing sepuhe # Dadi enom kudhu weruh mongso bocahe
Lamun bapak ngalim pangkat sugih joyo # Siro ojo gumalunggung riyang wong liyo.
Pangkat gampang minggat sugih keno mulih # Ngalim iku iku gamapang owah mulah -maleh
Ari kolo siro madep maring wong liyo # Kudu ajar ojo merengut koyo boyo.
BABVI
KARO GURU
Maring Guru kudhu Tuhu lan Ngabekti # Sekabihane perintah bagus di turuti.
Piwulannganane ngertinono kanthi ngudi # Nasihati tetepana ingkang merdhi
Larangane tetebaihana kanthi yekti# Supoyo ing tembe siro dadi mukthi.
BAB VII
ONO TAMU
Tetakalane ibu romo nompo tamu # Ojo biayaan tingkah pulahmu
Ojo nyuwun duwit wedang lan panganan # Rewel beka kaya ora tahu mangan
Lamun banget butuh kudu sabar ndisik # Nganti tamu mundur dadi siro becik.
Ari kalo podo bubaran tamune # Ojo nuli rebutan turahane
Koyo keting rebutan najis tibo # Gawe malu lamun dideleng wong jobo.
Kejobo bapa dawuhhe anakku # Iku turahane wong ngalim kyaiku.
Bagi Rotho sak dulurmu kebagaian kabih # Katularan ngalim sugih bondon akeh
Niyat Iro nuperiyah berkahe wong mulyo # Ora niyat rebut turahe wong liyo
BAB VIII
SIKAP LAN LAGAK
Anak Islam iki mongso kudu awas # Ojo ganthi leno mengko mundak tewas
Luru ilmu iku perlu nanging budi # Adab Islam kudu tansah di persudi
Akeh bocah pinter naging ora bagus # Budi pekerti sebab dakemagus
Ring wong tuwo gak ngergani gak ngajane # Sajak pinter dewe longko kang madani.
Jari iku coro nipun sakpuniko # Jari ora ngonu dudu yanthaliq merdiko
Ngagem belangkon serban sarung dadi gujeng # Coro ora kebangsaan ingkang majeng
Sawang iku pangeran diponegoro # Imam bojol tengku umar kang kuncoro
Kabeh podo belo bongso lan negoro # Podo podo agem dastar pantes lan perwiro
Gujeng serban sasat gujeng imam bonjol # Sakkanjane he anakq ojo tolol
Timbang gundul opo ora luwih bagus # Kagem tutup sirah koyo raden bagus #
kolo –kolo pamer rambut sak karepmu #Nanging kudu iling papan serawungan
kumpul Muda bedo karo kumpul kyai # Nuju sholat gak podho melanncong nujune
ora nuli melancong gundul sholat gundul # Sowan moro tuwo gundul nguyuh gundul

BAB IX
CITA –CITA LUHUR
Anak Islam kudu Cita-cita luhur # Keben dunyo akhirate iso makmur
Cukup Ilmu umume lan agamaneyo # Cukup dunyo kanthi bekti pengerane
biso mimpin sakdulure lan sak bangsane#Tumuju ring raharjo lan kamulyanan
Iku kabeh ora gampang laksane #Lamun ora kawit cilik cita-citane
Cita –Cita kudhu di kanthi gerumugut# Ngudi ngilmu seetho pekertine kang patut
Kita iki bakal tininggal wong tuwo # Ora keno ora kito mesthi moro
Lamun kita podo kito podo ketekan sejane #Ora liwat siro kabeh pemimpine
Negoromu butuh mufthi# Butuh Qodhi patih asaisten lan bupatine
Butuh dokter butuh mister ingkang pinter # Ilmu agomo kang nuntun laku bener
Butuh Guru lan Kyai kang linangkung # Melu ngatur negorone ora kethung
Iku kabeh Sopo maneh kang ngayahi # lamun ora ono kita kang ya ghuhi
Kejobo siro kabeh rido mbuntut # selawase angun wedus bekal pecut
Siro ridho Goncek Cikar selamine # Kapir iro mentul –mentul lungguhane.
Ora nyelo angon wedus numpak cikar# Asal cita-cita ilmu biso nangkar
Nabi kito kala timur pangon mendho # Ing tembene panon jelmo kang sembodo
Abu bakar shidiq iku bakul pasar # Nanging notho masyarakat ora kesasar
Ali Abu Tholib bakulkayu bakar# Nanging tangkas yen dadi panglima besar
Wahid Hasyim santrine pondok gak sekolah# Dadi menteri karo liyan ora kalah
Kabeh mau gumantung ing sejo luhur# Kanthi ngudhi ilmu sertho laku jujur
Tekan kene pungkasane siir iki # Larikane wolu limo kurang siji
Mugo –Mugo Sejo kitho sinembadan # Dening Allah ingkang nurunake udan
Pinaringan taufiq sertho hidayah # Dunyo akhirate shihat wal alfiat
Amin-Amin Amin Amin Amin # Falhamdulillah rabil Alamin
Bisri Mustofa Rembang Jumadil akhir 1383 H

Mudah–mudahan Si’ir Karya K.H Bisri Mustofa bermanfaat bagi Blogger di seluruh Nusantara.

Dr Soekarwo
(Pak De Karwo)

3 komentar:

Bachtiar mengatakan...

wah ternyata pakdhe tenan iki :D td sempat ndak percaya...salam kenal pakdhe :) *ala anak muda sekarang*
nuwun sewu sebelumnya pakdhe...kemarin saya sempat nulis2 juga di blog saya...semacam soal nilai - nilai juga...tapi yang saya comot dari surat kepercayaan gelanggang thn 1950 bisa dilihat disini yang sedikit banyak berbicara mengenai ketidakpuasan generasi muda saat itu (angk. Chairil,asrul sani,dkk) mereka cenderung tidak cocok dengan nilai2 lama yg sudah ada..dan ingin merubah dengan nilai - nilai mereka yang menurut mereka lebih sesuai.... (menurut daya tangkap saya seperti itu)

akan tetapi setelah melihat postingan ini...saya jadi berpikir..(dan mungkin kemarin2 saya lupa) kalau intinya bukan melulu perubahan...tapi bagaimana untuk menjadi lebih baik...jadi dengan nilai - nilai lama pun tidak masalah...karena nilai2 luhur seperti ini juga membawa kebaikan..dan masih sangat relevan juga dengan keadaan sekarang...*waduh kok malah mbulet yah ???* pokoknya diambil dan digunakan yang positif2 saja....saya bener nggak ini pakdhe??saya masih perlu banyak belajar ini pakdhe...kalau berkenan monggo mampir di blog saya bachtiar.net
maturnuwun sanget sakderengipun..

therapi lintah semarang mengatakan...

Pak Dhe
berminat memiliki pring pethuk

from adji.soebekti@gmail.com

mfakhruddin mengatakan...

Bab IV nya mana Pak dhe....