Minggu, 06 April 2008

Belajar Budi Pekerti

MITRO SEJATI
NERANGNGAKE BAB BUDI PEKERTI
Oleh
K.H BISRI MUSTOFA

MUQODIMAH

Iki Siir bagus banget di megerti # Dulur kabeh lanang wadun kang gemathi
Sebab ki siir ngandarake duko # Toto kromo sertho budhi kang prayogo
Iki mongso akeh banget wong kang lali # Ora keroso laku doso bola bali
Akeh bocah podo rusak pekertine # Mergo sangking pergaulan bendidane
Nganti ora podo open ing agomo # Ora mendo di tuturi ibu romo
Tahanane banjur wani ing wong sepuh # Yen dilingake malah bales misuh
Mugo siir iki biso migunani # Marang ingkang mahus ugi kang mirsani
BAB I
KAMANUNGSAAN
Saben wong urip mesthi butuh liyan # Sebab lamun ijen temtu ora mangan
Badhe dahar butuh wongkang adang sekul # Wongkang nutu lan kang tandur lan kang macul
Ngango kelambi butuh wong kang motongi # Wongkang jahit nenun nganti rino wengi
Mulo kudhu duwe roso kemanungsan # Ojo arep urip dewe kumpul macan
BAB II
SIKAPE ANAK MARANG BAPAK

Kawit cilik bapak iro mikiraken # Nasib iro abot payah gak di reken
Mangan Ngombe nyandang kabeh butuh iro # Di cukupi bapak ugo gaji iro
Mulo wajib di bekteni ojo nganti # Nulayani mundak gethun yen wes mati
BAB III
SIKAPE ANAK MARANG IBU
Payah opo kang di songgo dening ibu # Ngandut sango ulan nuli dadi babu
Anyusuni anyewoki angadusi # Isik-isik rino wengi tanpo risi
Mulo siro ojo lali males budi # Ojo wani mundak wani yang widi
BAB IV
SIKAPE RAKYAT MARANG PEMERINTAH
Kito ngerti yen pemerintah kito iku # Ngatur marang samubarang tindak laku
Wongkang dholim kampak begal di adili # Kabeh kepentingan umum di perduli
Kasehatan kemekmuran keamanan # Pendidikan pengajaran keretek dalan
Kabeh mau di openei lan di toto # Kanggo kepentingan kito podo roto
Mulo kito tunduk ora mampang # Lan bantu keben ora do gampang.
BAB V
SIKAPE MURID MARANG GURU
Sebab Guru siro bodo dadi pinter # Siro asor dadi pangkat kanthi bener
Mulo siro wajib hormat marang Guru # Luwih –luwih guru ngaji kang di tiru
BAB VI
SIKAPE KITHO MARANG KONCO
Karo konco kita kudhu tepo seliro # Lamun kumpul kudhu duwe kiro –kiro
Adab Toto-toto sertho budi kang perayu go # Di tetepi ojo ora duwe dugo
BAB VII
Wernane Toto Kromo
Toto Kromo iku akeh Tuladhane # Koyo temen aris demen negarane
Ojo ahli bukak wadi serto ojo# Kumaluhur tumindak kang persojo
Golek konco kang utomo ngerti Bagus # Ojo koyo bocah-bocah gemagus.
BAB VIII
ADABE NGERUAKE GUNEMANNE WONG
Lamun siro diomonngi deneng liyan # Kudu madep lan mirengake kanag temenan
Lamun siro siro hajat takon kudu ganti # Yen wus rampung ngendikane kanthi titi
Lamun siro di takoni ojo pisan # Siro lancang jawab koyo wongkang brangasan
BAB IX
TOTO KRAMANE GUNEMAN
Lamun siro omong iku kudu manis # Ojo kasar ojo rewel lan ceriwis
Tembung iro ojo ono kang natoni # Ring atine liyan mundak di di waneni
Ojo arang banget ojo rikat banget # Nanging kang macana kebeb do semangat
BAB X
CARANE SESERAWONGAN KANG BAGUS
Kabeh Konco mesthi bakal podo hormat # Yen sesrawungo niro karo konco hebat
Rahi ajer gunemane alus lemes # Andap asor tingkah laku sarwo gandes
Maring siro podo demen podo lumbang # Pungkasane barang angel dadi gampang
BAB XI
NGEREKSO AWAK
Siro wajib ngerekso maring awak iro# Keben tetep sehat ora sering loro
Managon ngombe yandang kudu sarwo resik # Ojo kemproh ketoh koyo bocah cilik
Lamun siro keroso gerges rikat # Mundut tombo keben ingkal bali sehat
Sebab yen wus kadung loro temtu rugi # Kari ngaji kari amal kang prayogi
BAB XII
TOTO KRAMANE MANGAN
Lamun siro mangan beceik wisuh ndisik # Tangan iro nuli muluk cilik-cilik
Ugo ojo lali nyebut asma Allah # Kebeh berkah najan kurang lawuh
Kanthi langkah siro dahar sertho muluk# Kanthi tangan sertho anteng siro ndiluk
Ojo ngomong kolo cangkem kebak isine # Rampung mangan muji Allah terima kasih
BAB XII
OMAH LAN KAMAR
Omah kamar kudu rapi lan teratur # Keben akal melu padang ora bawur
Dalan howo kudu cukup keben badan # Tetep sehat fikir lampit ora sungkan
BAB XIII
KEWAJIBANE WONG ADIWOSO
Yen wus adiwoso kudu yambut gawe# Golek rizki halal ojo kelawe-lawe
Opo maneh wongkang ngerumat nak bojo# Harom lamun pasrah borang moso bodho
Sak pantese yambut gawekeno bahe # Dagang tani nupereh sekul sak lawuhe
Dadi khatib juru tulis dadi guru# Dadi opsir dadi polisi gak keliru
Jahit ngumbah lan liyane ojo nakal # Kabeh mau kanggo sebab rizqi halal
BAB X IV
BAB GEMI
Becik gemi nanging ojo ngenti cethil # Gusti Allah ora demen wongkang bahil
Ojo tebdir buwang duit tanpo guno # Bakal susah awak iro yen kulino
Tuku-tuku kudu iling penghasilan # Ojo banjur hantam toto kromo asal duyan
BAB XV
ZIARAH LAN TOTO KROMO
Bagus banget kolo-kolo tilik konco # Parek aduh podo bahe najan monco
Kulo nuwun uluk salam lan salaman # Langkah seneng nuli takon keselamatan
Lamun siro ditamuni deneng liyan# Kudu ajer bungah madep wong kanng temenan
Ojo mrengut mergo ora gowo duwit# Mundak konco-konco iro podo sengit
Kahanane omah iro lir kuburan # Ora ono wongkang mlebu anging setan
BAB XVI
TILIK WONG LORO
Yen dulurmu nuju loro tilikono #Arem –arem sakit opo takonono
Buru cukup ora perlu suwi langkah # Nuli pamit lamun sare ojo gugah
Nuli doa mugo-mugo inggal waras # Duyan mangan sego jagung sego beras
BAB XVII
TAKZIYAH WONG KEPATEN
Lamun konco tongo ono kang kepathen# Tekonono arem-arem kanng telaten
Mugi –mugi gusthi Allah paring sabar# Miwah ridho dateneg dipun tilar
Ingkang pejah mugi-mugi di ngapuro# Tetep iman koyo nguno doa iro
BAB XVIII
WALIMAHAN
Lamun siro di aturi walimahan# Wajib teko yen walimah pengantenen
Liyo iku sunah teko kanthi seneng# Nuli mangan ing panggonan kanthi anteng
Ojo marak ojo aduh ing lampatan# Nanging sedang ojo mandeng ing panganan
Lamun dahar kudhu adab kang prayogo# Ojo koyo ora tahu mangan sego
Yok oyokan anbut rebutan sik disikan# Nganti yandak iwak bandeng keliru tangan
Yen wue rampung siro hajat tindak wangsul# Kudu pamit kang ngulemi ojo mersul
Lamun siro duwe gawe ulem –uleman # Ojo lali tonggo ojo golek alem
Yen tamumu podo teko inggal tompo # Kanthi ajer ora ketang sopo-sopo
Nuli aturono langkah sakpantese # Miyah hormat hormat ojo mandang ing baguse
BAB XIX
KEMAJUAN LAN KEMAJUAN
Iki zaman lanag wadon kudu majeng# Semawono ing bab ngaji kudu mempeng
Do sekolah iku pancen wos zamane # Sopo keset bakal getun ing zamane
Nanging awus ojo tiru wong kamajuan# Nganti hukuk syara’ kanggo guyon
Cilik-cilik podo ngerti bisik-bisik# Lanang wadun yen di larang do mendelik
Lanang wadon ora muhrim do gojekaan# Lewat ratan ora malu ora sungkan
Rino wengi dogoncekaan do gendakan# Lanang wadun dudu muhrim lewat ratan
Ora malu podo lali budi timur # Podo ketularan barat kelantur-lantur
Malah podo keroso gagah sawangane# Dudu anak turun jowo sawangane
Bocah wadon keroso malu yen sayake#Kelandungan nuli mrenguti bapak e
Ajar coro imggris coro londo kono# Coro singkek coro opo bahe kono
Nanging watak-watak budi kang utomo# Ora keno geser senajan saktumo
Ora barang coro sitik coro inggris# Nuli lagak laku budi lewat garis
Ojo ngono hai pemudi lan pemuda#Mundak getun ing burine yen ke dodo

BAB XX
KEWAJIBANE WONG TUWO
Ibu bapak wajib mulang ing putrane# Lanang wadon nganti ngerti agamane
Lamun ora biso wajib masrahake# Marang wongkang pinter koyo mundakake
Ilmu umum ugo prayogo ngertine#Nanging ojo lali ilmu agamane
Sebab ibu bapak bakal podho mati# Lamun alim putero mesthi podo gathi
Doake tahlilake bengi rino# Dadi ibu bapak mengko ora tuno
Dawuh hadist arikolo anak adam# Wus kapundut najan isih ono ranjam
Kabeh amal ganjarene banjur pedot# Liyo telu kang sawabi tansah modot
Pengsijine amal jariyah pindone# Ilmu nafi’ anak sholeh peng telune
Dugi mriki siir iki sampun ba’do# Poro derek ingkang mahus ampun modo
Sebab ngangenipun sa’kethak sakdalu# srStho boten wonten wedal kang melulua
Pantes lamun wonten ingkang kirang cocok# Dateng poro kang linagkung sertho kathok

Tidak ada komentar: